Mangan Opo?

Maeng pas aku lagi ngulek-ngulek bumbu ndik pawon, kok moro-moro eleng crito iki. Aku sampe ngguyu-ngguyu dewe.

Kejadiane iku pas aku SMA kelas loro.

Aku ndik SMA biyen njupuk kelas bahasa. Jeneng kelasku mbois, Maestro! Masyarakat Elit Sastro Budoyo! Sak kelas mek arek rolas, lanang papat wedok wolu. Areke mek thithik, tapi gak onok sing genah. Gendeng kabeh!

Tekok arek rolas iku, gak onok sing sifate nyambung. Onok sing uendel pol, onok sing suangar pol, onok sing ngguilani pol, onok sing serius pol, wis isien dewe “onok sing …. pol”e. Sing menyatukan kene iku mek loro: Bon Jovi ambek panganan.

Bon Jovi? Iyo… Jaman sakmono iku kene kabeh ngefans ambek Bon Jovi. Minimal sing wedok-wedok. Nek sing lanang-lanang koyoke ngefans ambek Jhony Iskandar. Mbalik Bon Jovi meneh. Saking ngefans-e, ndik kelas sampe onok poster Jon Bon Jovi guede, dipasang ndik tembok. Sayange, gak suwe dipasang ndik kono, soale onok guru sing protes. Mungkin mergo nek pas pelajaran arek wedok-wedok dadi gak onok sing konsen, mek podo ndeloki raine Cak Jon…. Opo nek gawe seorang oknum Maestro, bulu dadane Cak Jon, hihihi….

Hla nek panganan? Wah… Panganan iku kelemahane kene sejak SMA sampe saiki. Setiap saat arek Maestro iku kudu mangan! Jaman iku kan onok waktu istirahat ping pindo; jam istirahat pertama kene mesti mangan bakso, jam istirahat kedua mangan sego pecel ambek gorengan. Iku ben dino! Terus kene iku sik sangu roti opo jajan tekok omah…. Gak onok warege pokoke.

Nah, critane waktu iku kene lagi onok pelajaran Seni Rupa. Wayahe nglukis! Kene kabeh serius nglukis…. Saking seriuse, koyoke arek-arek mulai luwe kabeh…. Untung sang ketua kelas, Juli, tanggap ambek penderitaan anak buahe. Areke moro ngomong nang guru Kesenian.

Juli: Buk, kene nglukis ambek mangan gak popo yo! Cekne semangat… Kene kabeh nggowo sangu tekok omah!

Bu Guru: *ambek moco opo ngono* Yo wis, mangano kono rek! Pokoke tetep kerjo lho yo!

Kene kabeh: Assiiiiiik!

Kene terus mbukak sangu masing-masing, moro mangan ambek nglukis. Aku mangan roti ambek keju. Phily mangan roti ambek meses. Clod mangan jajan. Arek-arek liyane aku gak eruh, soale rodo adoh.

Suasana tenang… Gak onok sing ngobrol. Kabeh mangan ambek khusyuk nglukis. Tapi kok moro-moro koyok onok ambu iwak ngono yo? Ambek ambu trasi? Tekok endi? Wong kelase kene gak cedek warung kok…. Aku mandek nglukis, terus tolah-toleh ndeloki arek-arek.

Bu guru sing lagi asik moco koyoke yo ambu pisan iki. Kok moro-moro wonge mandek moco. Terus mlaku nyedeki kene. Wonge ndelok lukisanku ambek lukisane Phily diluk, terus mlaku nang mburi kelas.

Walah, Niaa! Koen iku mangan sambel IWAK PE a? Pantesan ambune…. sampe luwe Ibuk!

Kene noleh kabeh, krungu Bu guru ngguyu. Tibakno Nia lagi ndelik ndik pojokan, nglukis ambek mangan sego iwak pe, lengkap ambek sambel trasi plus lalapan!  Warung ae kalah rek!

Tak pikir nek ndik kelas iku yo mangan biskuit, permen, opo paling pol roti…. Hla kok koen isok mangan iwak pe, Nia… Wis, bungkus disik yo, saiki nglukis disik!

Untung sabar Bu guru iku. Mek ngguyu ae ndelok kelakuane muride.

Kene yo kudu ngguyu kabeh. Gak sekalian ae nggowo duren yo! Cekne tambah afdol!

Indahnya masa SMA…..

Standard