Tuhan, Aku Ojok Mbok Lebokno Neroko

Pas aku umur pitung taun, bapak ibukku nukokno aku ambek adikku, Atit, celengan telu.

Celengane lucu-lucu, bentuk asu numpak jaran pink, omah putih biru ambek kucing numpak sapu terbang ndik ngarepe bulan bintang kuning. Celengan anti mainstream iki, gak standar bentuk pitik opo babi ngono.

Bendino ibukku ngekek’i kene duwik… selawe, seket opo satus repes. Mesti langsung kene lebokno celengan.

Ben minggu, duwike tak tokno kabeh. Tak tumplek ndik karpet, terus tak bagi-bagi. Duwik selawean, seketan ambek satusan tak klumpukno dewe-dewe. Maringono tak itungi. Kadang-kadang tak jupuk satus repes, gawe tuku permen opo krupuk upil pedes. Atit gak tau melok ngitungi duwik, tapi mesti nagih jatah permen ambek krupuk upil pedese.

Kiro-kiro rong wulan mari kene entuk celengan, koyok biasane aku ngetokno duwik, kate tak itung-itung meneh. Wuik, wis akeh, rek! Aku ngitung-ngitung duwik ambek mesam-mesem. Isok tak jupuk rodok akeh gawe tuku buku iki.

Umur sakmono iku aku ancene wis duwe koleksi buku lumayan akeh. Masiyo sik tas isok moco, tapi aku wis dadi kutu buku, opo ae tak woco. Gak mek buku anak-anak… koran, majalah sampek buku resep masakan tak woco kabeh. Sak onoke wis.

Nah, dino iku, mari ngitung-ngitung duwik, aku lungguh ndik sofa, terus tolah-toleh nggolek opo ae sing isok diwoco. Onok Juz ‘Amma ndik mejo cilik cedek sofa. Tak jupuk terus tak bukak asal-asalan. Tak woco.

Kecelakaanlah bagi pengumpat lagi pencela.

Yang mengumpulkan harta dan menghitung-hitungnya.

Mak Dheg! Jantungku rasane langsung mandheg. Yang mengumpulkan harta dan menghitung-hitungnya? Tak woco meneh….

…. Sesungguhnya dia akan benar-benar dilemparkan ke dalam Huthamah.

…. api yang dinyalakan….

… sesungguhnya api itu ditutup rapat di atas mereka….

….(sedang mereka itu) diikat pada tiang-tiang yang panjang.

Langsung tak tutup iku Juz ‘Amma. Ndredeg aku.

Bengi iku aku gak isok turu. Aku miring kanan, miring kiri, mlumah, mengkurep, mlumah meneh….

Kecelakaanlah bagi pengumpat lagi pencela. Yang mengumpulkan harta dan menghitung-hitungnya.

Aku ketok-ketoken gambar-gambar ndik komik siksa neraka sing tau digowo koncoku nang sekolah. Onok gambar wong-wong mudho mripate mentheleng…. Wong-wong iku dirante, dibakar, ilate digraji, gegere disetriko….  horror pol…..

Akhire aku lungguh ndik turon, terus ndungo… Bismillahirrohmanirrohim…. Tuhan, aku ojok mbok lebokno neroko, yo! Aku ini apik, gak tau nakal…. Ancene aku tau nggepuk Atit sepisan, tapi iku mergo areke sing nakal, duduk aku….. Aku gak eruh nek ngitung-ngitung duwik iku gak oleh…. Aku ojok mbok taleni terus dibakar, yo…. ojok disetriko pisan…. Terus dungoku tak tutup ambek siji-sijine dungo boso Arab sing aku apal… doa sebelum makan.

Maringono aku mapan meneh. Pikiranku rodok tenang mari ndungo. Pokoke aku tobat, gak katene ngitung-ngitung duwikku meneh. 

Mari iku, kiro-kiro sebulanan aku gak ngitung-ngitung duwik, masiyo penasaran pol, pengen eruh duwikku opo wis cukup gawe tuku komik Asterix. Tapi akhire aku gak tahan meneh. Aku njupuk Juz ‘Amma terus marani ibukku sing lagi ngoreksi kerjaane mahasiswa-mahasiswane.

“Ma, aku pengen tuku buku, tapi gak eruh duwikku cukup opo gak. Soale jarene wong sing seneng ngitung-ngitung duwik iku engkok mlebu neroko…. Tapi yok opo carane aku eruh aku duwe duwik piro?”

“Ha? Sik sik…. Mlebu neroko? Kok isok…. Jarene sopo?” Ibukku ndeloki aku.

“Lha iki ndik Juz ‘Amma…..”

“Oalaaaah….. Gak. Sing dikarepno iku wong-wong sing kikir…. Sing senengane nggolek duwik tok, sampek lali liya-liyane….terus masiyo duwike akeh, gak gelem nulungi wong liyo sing gak duwe duwik… ”

“Dadi aku oleh ngitung duwikku?”

“Oleeeh….

Wah, lego rasane. Maringono aku gak wedi meneh ngitung duwik. Tapi sakperlune ae, gak ben minggu koyok sakdurunge…. Jogo-jogo, cekne beneran aku gak bakalan dilebokno neroko….

studio_20161231_195943

Standard

Malaikat Dodolan Es

Aku wingi kok moro-moro kangen ambek blog Menjes Goreng iki. Wis gak tau tak urusi sejak awal 2014 tibake. Sampek jamuren reek…. Tak nulis crito meneh ah, siji ae tapi…

Iki onok crito sing aku eleng… Crito jaman aku sik kelas telu SD, telung puluh taun kepungkur.

Critane, aku ambek Atit, adikku, lagi dulin nang nggone tanteku. Ketepakan onok bazaar ndik kampunge tanteku iku. Wong-wong sakkampung podo dodolan macem-macem panganan.  Onok gorengan, kripik, puding, kue basah…. sembarang kalir wis. Oya, sisteme nganggo kupon, gak nganggo duwik. Dadi, masing-masing keluarga entuk kupon sepuluh, terus kupone isok ditukar panganan.

Aku, Atit ambek Fienan,sepupuku sing waktu iku sik TK muter-muter keliling kampung nggolek jajanan bareng arek-arek cilik liyane.

Aku ndeloki lemper, bolu kukus ambek lapis legit ndik mejo.

“Jajane gak onok sing asik ngene,” jareku. “Endi Chiki, Krip Krip, krupuk pedes?”

“Gak onok es, yo?” Atit tolah-toleh. “Aku pengen es krim sing akeh!”

“Aku yo pengen es krim! Es krim sak koper gede! ” jare Fienan.

Moro-moro…. Thung! Thung! Thung! Thung!

“Es! Es krim! Onok es krim!” Fienan mencolot-mencolot ambek keplok-keplok saking senenge.

Gerobak werno biru, onok tulisane “ES GREM” lewat alon-alon. Wonge sing nyurung wis sepuh, rambute putih kabeh, awake kuru.

“Mbah, Mbah, es, Mbah!” Fienan bengok-bengok.

“Aku pisan! Aku pisan!” Aku ambek Atit melok bengok-bengok.

Mbah tukang es krim mesem ae ndelok kene sing kegirangan. Wonge ngekek’i kene es krim siji-siji. Langsung tak “bayar” ambek kupon telu.

“Siji ae kupone,” jare wonge. “Wis cukup kok”.

Arek-arek cilik liyane moro melok ngrubung gerobak es krim.

“Aku yo gelem es krim!”

“Mbah, tumbas es krime, Mbah!”

“Aku es krim loro!”

“Es krime sing akeh…. Munjung!”

“Aku pisan!”

Mbah tukang es krim ngguyu. “Sabar, sabar… kabeh kumanan….”

Arek-arek cilik iku kabeh mbayar nggawe kupon, terus podo lungo, mlayu ngguyu-ngguyu ambek mangan es krim.

Mbah tukang es krim nyurung gerobake meneh, lungo pisan.

Aku, Atit ambek Fienan lungguh ndik buk pinggir dalan ambek mangan es krim. Moro-moro Tante Nanik, tanteku, teko.

“He, koen kok mangan es krim, tuku ndik endi?” Tante Nanik takok.

“Iku maeng onok wong dodol,” jawabku ambek ndilati drijiku sing pliket kabeh.

“Lho, duwe duwik a, koen iki?”

“Gak. Kan mbayar nggawe kupon?”

“Hah? Sing dodol es gak melok bazaar ndik kene…. Kudune yo mbayar nggawe duwik, gak nggawe kupon! Waduh, berarti gak mbayar iki…. Sik tak bayare….Entek es piro koen? Wonge ndik endi iki… Tak ubere!” Tante Nanik gupuh dewe, langsung mlayu nggoleki sing dodol es krim.

Diluk engkas Tante Nanik mbalik. “Gak ketemu i, wonge… cepet men ilange. Kok aku maeng gak ndelok yo, pas arek-arek iki tuku es krim?” Tante Nanik bingung.

“Aku maeng ndelok, akeh arek-arek cilik ngrubung gerobak es krim. Tak pikir yo nggowo duwik kabeh….” Ibu-ibu sing dodolan gorengan nyeletuk.

“Yo wis lah, rejekine arek-arek entuk es krim gratis,” jare Tante Nanik. “Tapi saaken tukang es krime…. Sakjane wonge gak ngerti opo yok opo se?”

Aku mikir-mikir. Dadi kene maeng gak mbayar? Es krim sakmono akehe iku gratis kabeh? Wonge gak ngerti? Kene maeng nipu? Aku moro kroso bersalah ambek saaken nang mbah tukang es krim. Tapi terus aku eleng…. Wonge maeng mesem terus… malah ngguyu pas kabeh rebutan pengen es krim…. Berarti ancene wonge pengen ngekek’i, gak pengen dibayar, mek pengen nyenengno kene arek-arek cilik iki. Aku moro mesem pisan. Arek umur wolung taun iki duwe jawaban…. Iku maeng pasti malaikat sing lagi nyamar dadi tukang es krim, dikirim nang bumi gawe nyenengno arek-arek cilik……

Standard

Melbourne 2004-2006 Part 2: Ode to “My Family”

Telung dino mari aku masang iklan gawe nggolek housemate anyar, aku entuk email tekok Will. Umur 27, mahasiswa S-3 jurusan Matematika. Bapak Ostrali, ibuk Amerika, areke lair gede ndik Melbourne. Wah, lumayan entuk housemate wong Ostrali meneh, prasaku. Isok latian ngomong boso “Strayan”, hehe. Langsung tak bales emaile, janjian menene ketemuan ndik omahku sore-sore.

Ambek ngenteni areke teko, aku mbayangno calon housemate-ku iku rambute pirang, awake kekar, kulite rodok coklat kakean caring, seneng ngomong “G’day, mate!”, pokoke koyok tipikal surfer-surfer Ostrali ngono lho….

Bel omahku muni. Aku cepet-cepet mlayu nang ngarep, mbukakno lawang gawe si surfer….

Weleeh, tibakno penampakane si Will iki gak koyok bayanganku blas. Areke duwur, kuru, rambute ireng, kulite putih, nggawe hem ambek vest sing nggarai ketok nerd pol.

“Hello, are you Citra? I’m Will. Nice to meet you,” jarene. Opo? Kok duduk “G’day mate?” Penonton kecewa, haha….

Singkat cerita, mari ngobrol ngalor-ngidul ambek ngombe teh, Will sukses tak terimo dadi housemate-ku. Areke langsung pindahan rong dino mari ketemuan iku.

Mari seminggu sak omah ambek Will, kesanku Will iku cerewet ambek megelno puol! Sakjane asik ngobrol ambek arek iku, tapi nek lagi kumat doyan ngomonge, ngobrol 3 jam iku sing 2 jam mek listening comprehension tok, ngrungokno monolog-e si Will. Bahan monolog-e iku yo isok mulai riwayat uripe ket lair, moro menggok nang politik Ostrali, menggok meneh nang teori konspirasi…. Wis, nek kadung ngono iku paling enak ditinggal mlebu jeding!

Megelnone, hal-hal cilik nek ambek arek iku isok dadi tukaran. Aku lali nyuci piring, areke langsung ngomel-ngomel gak jelas ngalor-ngidul. Listening comprehension meneh wis. Kene yo tau tukaran mergo aku nyilih dvd terus nonton dewean, maringono areke ngamuk-ngamuk mergo gak diajak nonton!

Tapi masiyo ngono, Will iku areke asik kok. Gara-gara arek iku, uripku ndik Melbourne dadi luwih berwarna…. Lha arek iku mesti duwe ide-ide sing ajaib. Tau pas aku wis ndik kamar kate turu, areke moro-moro ngajak nonton midnight. Aku budal dasteran ambek sandal jepitan, areke piyamaan ambek nggawe sandal kamar. Sukses wis dideloki wong sak bioskop. Aku yo tau diajak pub crawl berdua. Eruh pub crawl kan? Pokoke isuk-isuk kene mulih ambek crawling temenan. Terus, sing ngenalno aku ambek bapake arek-arek iki sopo meneh nek duduk Will? Masiyo pas awal-awal aku ngojob, si Will sempet cemburu berat…. Cemburu mergo areke naksir aku? Oh gak…. Areke cemburu mergo… “Arek iku lak koncoku, kok gelek nang kene gawe ketemu koen tok se?” jarene. Lah, karepmu opo Will? Ménage à trois?

Mari sebulanan mek sak omah ambek Will tok, kene nggolek housemate siji meneh, terus nemu sing jenenge Christina. Umur 23. Tekok Jerman. Ibuk Jerman, bapak Colombia. Areke lagi working holiday ndik Melbourne. Aku, Will ambek Christina langsung nyambung. Christina sing ayu semampai rambute sak pinggang iku areke nyantai, sabar, mesti dadi penengah nek aku ambek Will tukaran. Arek iku yo mesti rela raine dadi korban percobaanku sing waktu iku yo lagi kursus makeup artistry. Christina wis tau tak pacaki dadi manten, drag queen, mutant burung merak (ojok takok), sampek tau tak pacaki dadi korban mutilasi.

Will ambek Christina iku tak anggep keluargaku pas ndik Melbourne. We are family! Kene bertiga wis tau ngguyu bareng, nangis bareng…. Pokoke wis eruh apik-eleke masing-masing. Nek kene lagi cangkruk bertiga ndik ngarepe tv, kemulan, nonton Star Trek ambek ngombe teh… dadi gak kroso nek aku adoh tekok Malang.

Tengah 2005 Will mari kuliahe, terus pindah nang Prancis. Rasane onok sing ilang mari Will metu…. Maringono onok arek telu sing gantian manggon ndik omahe kene, tapi gak onok sing suwe. Onok Elsa tekok Prancis, Alessandro tekok Itali ambek Kohei tekok Jepang. Areke apik-apik kabeh. Elsa areke meneng tapi sakjane ramah, cuma Christina gak terlalu seneng, mergo Elsa benci ambek Frank, kucing ireng mripat siji piaraane kene. Kohei areke lucu ambek seneng ngobrol. Nek Alessandro… waaah, berjasa banget arek iku, nggarai aku ambek Christina semangat…. Lha bayangno ae yo, sing jenenge Alessandro iku ngguanteng pol, duwure 195, awake koyok perenang ngono sing gede, berotot tapi gak kenemenen, terus sing asik iku, nek mari adus mesti nggawe anduk sing dililit asal nemplek ndik pinggang. Maringono metu tekok jeding gak langsung mlebu kamar, tapi telpon disik, opo nonton tv disik, opo nang pawon njupuk ngombe, ambek anduke tambah suwe tambah mlorot ngono. Sayange gak tau mlorot temenan, padahal aku ambek Christina wis ndungo-ndungo lho!

Akhir 2005 Christina mbalik nang Jerman, awal 2006 aku mbalik nang  Malang, mbalik nang keluargaku, tapi kenangan indah tentang my family ndik Melbourne iku gak bakalan ilang….

Standard

Melbourne 2004-2006 Part 1: The Beginning

Melbourne, 29 November 2013, jam 10 bengi.

image

Pugg Mahones. Irish Pub. Me time. Bojoku tak tinggal ndik apartemen ambek arek-arek. Aku lungguh mojok dewean. Gak adoh tekok nggonku lungguh, onok wong loro lagi nyanyi ambek gitaran. “Come in, there’s a live band playing”, ngono jare si doorman. Sing diarani “live band” tibakno yo wong loro iku, sing asik musikan dewe. Yok opo kate gak musikan dewe, lha sing nonton mek aku ambek onok wong lanang tuwek sing dandanane ala penyanyi metal taun 80-an, jaket kulit-clono kulit-bandana-rambut (putih) gondrong.

Bir-ku tak ombe thithik, terus tak dekek ndik mejo meneh. Tak potrek, langsung tak share. Cekne onok buktine nek aku lagi mbalik nang pub sing biyen dadi nggon nongkrong rutin ambek konco-konco.

image

Aahhh, dadi eleng masa-masa iku. Masa-masa penuh kebebasan tur kegilaan, hahaa…. Jamane durung onok beban, durung onok pikiran…. Sing dadi bahan pikiran paling-paling “yok opo carane isok marekno paper limang menit sakdurunge deadline jam 5.15 sore”, opo “yok opo carane masak sego nek gak onok rice cooker“. Masalah-masalah cekether. Jawabane masalah kedua, by the way, “digodok ambek banyu sing akeh terus disaring”. Serius. Takono adikku sing meh semaput ndelok caraku masak sego jaman sakmono iku.

Anyway…. Aku teko ndik Melbourne awal Juni 2004. Aku entuk beasiswa ADS gawe njupuk Master of Modern Languages Education ndik Melbourne Uni. Tekan Melbourne, aku ambek konco-konco sesama penerima beasiswa tekok Indonesia langsung sibuk nggolek tempat tinggal. Rata-rata akhire nyewo omah barengan, wong Indonesia kabeh. Nek aku, sejak awal wis gak pengen sak omah bareng wong Indonesia liyane, mergo aku pengen duwe pengalaman urip bareng wong-wong tekok budaya liyo.

Mari semingguan muter-muter keliling Melbourne, akhire aku nemu tempat tinggal sing aku seneng, omah cilik ndik Lygon St, daerah Carlton, sing kebek ambek restoran, cafe, pub tur toko-toko cilik. Asik wis, akeh hiburan! Nang Melbourne Uni yo mek karek mlaku limang menit.

image

Dua bulan pertama manggon ndik kono, aku sak omah ambek wong telu. Kane, 20 taun, Aussie. Rachel, 19 taun, Aussie pisan, ambek Bridget, 28 taun, Kiwi.

Kane, cowok imut sing kerjo ndik call centre iku, nek jare wong Inggris, “not the brightest bulb in the box” , rodo byar pet ngono…. Contone ngene.

Kane: Citra, aku wingi lak ngutang koen 80 dollar. Iki lho, tak balekno, suwun!

Aku: Eh, aku kan durung mbayar sewa… 460 dollar kan? Iki, tak ke’i 380….

Kane: Waduh, bingung aku! Sik, koen tak ke’i disik 80 dollar, maringono kek ono aku 460 yo!

Aku: ….

Tapi masiyo ngono, arek iku apik, sopan, tur gak neko-neko.

Rachel, arek ayu mungil sing kerjone dadi penari ndik Crown Casino iku, yo housemate sing gak aneh-aneh. Aku jarang ketemu ambek arek iku sakjane, mergo areke budal kerjo sore, mulih isuk, maringono seharian biasane turu ae ndik kamare.

Lha nek Bridget…. Saiki coba bayangno disik penampakane. Rambut pirang nggawe hair extension dowo, kulit kecoklatan hasil fake tan, 32 DD hasil operasi, ayu tapi dandanane mesti ketebelen. Jarene biyen kerjo dadi stripper, terus saiki dadi penari freelance ndik Crown Casino. Koyoke se jarang entuk kerjaan areke… lha bengi-bengi biasane mek nongkrong ae ndik omah ambek ngombe, ngrokok, nge-drugs.

Opo? Nge-drugs? Iyoo, nge-drugs! Gak perlu tak bahas yo, bayangno ae dewe film Trainspotting. Nonton gak? Sing onok Ewan McGregor iku lho. Nggarai gak nyaman banget pokoke. Arek iku ancene koyoke kakean masalah. Nek aku lagi ndik omah, mesti areke curhat macem-macem, kadang ambek nangis, kadang ambek ngamuk-ngamuk…. weleeeh. Gak sampe rong wulan ket aku manggon ndik kono, aku gak tahan meneh, too much negativity, man! Aku kudu pindah omah….

Untung ae, sakdurunge aku mulai nggolek nggon anyar, moro-moro Bridget mutusno mbalik nang kampung halamane ndik New Zealand. Maringono Kane ambek Rachel melok pindah pisan. Aku cepet-cepet masang iklan ndik kampus gawe nggolek housemate anyar.

To be continued…. 

Standard

Tahu Goreng

Didik lungguh ambek mringis-mringis. Sikile gringgingen, gegere koyok kate puthul-puthul. Didik ngangkat bokonge thithik tekok alas gerbong, terus dimiring-miringno cekne rodok lemes. Areke ndeloki deret-deret lungguhan. Sopo eruh onok sing rodok selo. Kebek kabeh. Didik misuhi awake dewe. Rodok getun rasane, maeng tuku tiket larang-larang nang nggone calo. Nek eruh kate gak entuk lungguhan ngono, mungkin sekalian ae dadi penumpang haram.

Sepur mlaku njendhul-njendhul, megal-megol, nggarai Didik nggliyeng. Ditambah keluwen ambek sumuk, rasane koyok kudu semaput ae. Didik ndangak ndelok kursi sing paling cedek ambek nggone lungguh. Onok ibu-ibu lemu ambek anake cilik-cilik telu. Arek-arek cilik iku ket maeng gak isok meneng. Wis gak keitung ping piro ae sirahe Didik ketendang arek sing paling cilik. Didik misuh-misuh meneh.

Jam piro iki yo? Didik tolah-toleh, nggoleki tangan sing onok arlojine. Gak nemu. Ancene wong-wong iki podo ae ambek aku, kere kabeh. Areke mikir-mikir, opo isok engkok urip ndik Jakarta ambek duwik sakonoke. Halah, opo jare wis.

Mlakune sepur tambah alon, mulai mlebu stasiun. Didik moco tulisan ndik tembok peron. Lempuyangan. Lumayan, wis separo perjalanan, pikire Didik. Wetenge tambah krucuk-krucuk. Maklum ae, Didik mek mangan sego kucing tok maeng isuk sakdurunge budal nang stasiun Gubeng. Maringono wis gak mangan opo-opo meneh.

Moro-moro gerbong kebek ambek wong-wong dodolan. Didik ngadek, wedi keidek-idek. Areke ndeloki barang-barang sing didol. Onok sego bungkus, permen, banyu ngombe, kacang goreng, ndog asin…. Didik meh ngiler. Pengen rasane tuku sembarang kalir, terus langsung diemplok kabeh. Tapi nggawe duwike sopo?

“Tahu tahu, tahu goreng! Enak, renyah, gurih, anget! Tahu, tahu, tahu goreng!”

Didik kaget krungu suarane wong dodolan tahu goreng. Didik gak tahan meneh. Wetenge wis njerit-njerit njaluk diisi.

“Mas, tahune sakbungkus, yo!” jare Didik ambek cepet-cepet mbayar, selak gak tego ndelok duwike pindah tangan. Didik ndelok tukang tahu gorenge dodolan teh botol pisan. Sakjane Didik yo ngelak, tapi gara-gara wis tuku tahu goreng, duwike gak cukup meneh gawe tuku ngombe.

Sakbungkus isine mek tahu goreng loro. Ditokno kabeh tahu goreng loro iku tekok plastike terus dideloki ambek Didik. Cilik tapi padet, montok, anget. Didik meh mbrebes mili mbayangno renyah ambek gurihe tahu goreng. Sing koyok ngene iki paling enak dipangan ambek nyeplus lombok ijo sing puedes. Didik nggrayah-nggrayah plastik adahe tahu. Onok lombok ijo papat. Didik langsung nyeplus loro cekne mantep pedese. Maringono areke mangap ombo-ombo gawe nyokot tahu….

Brukk! Moro-moro onok sing nabrak Didik. Rupane onok wong kesandung. Dengkule wong iku nyaduk tangane Didik. Didik mek isok mangap, cangkeme mulai panas kenek lombok ijo, ambek ndeloki tahu loro sing lagi mencelat slow motion sampe akhire mendarat ndik alas gerbong. Mak pluk! Disusul ambek mak prot! Tahu loro njebrot kabeh keidek-idek.

Didik mbrebes mili temenan….

Standard

How I Met Your Father

image

Aku ambek bojoku wis rabi enem taun. 20 Oktober wingi ulang taun pernikahane kene. Gawe ngrayakno, aku saiki kate nulis yok opo critane kene isok ketemu.

Ngene critane….

Taun 2004 kepungkur, aku entuk beasiswa S-2 ndik Melbourne, Ostrali. Pastine aku sueneng puol. Aku ancene pengen nemen nerusno kuliah ndik luar negeri. Gak mek gawe entuk ilmune tok, sing malah prasaku luwih penting iku, aku pengen isok ngrasakno yok opo urip ndik luar negeri.

Mergo aku bener-bener pengen ngrasakno urip ndik luar negeri, ndik Melbourne aku gak gelem manggon bareng wong Indonesia liyane. Nek mek kate ngumpul ambek sesama wong Indonesia yo gak perlu nang Melbourne. Numpak mikrolet nang Mergan ae po’o! Mumpung ndik Melbourne, aku niat golek wong asli Ostrali gawe barengan nyewo omah.

Housemate-housemate kloter pertamaku wong Ostrali ambek New Zealand, tapi kene mek diluk sharing omah. Mari arek-arek iku pindah, aku nemu wong Ostrali meneh. Jenenge Will, mahasiswa S-3 jurusan Matematika. Kene terus nggolek housemate siji meneh, entuk wong Jerman jenenge Christina.

Christina sing lagi melok program working holiday iku housemate idaman. Nyantai, gak neko-neko, enak diajak ngobrol, siap diajak mlaku-mlaku, diajak nongkrong ayok ae, tur nek lagi nyimeng gak tau lali nawari aku…. Psstt, sing terakhir iku gak usah dibahas, haha….

Nek Will yok opo? Waduh, Will iku sakjane apik areke, tapi byuuuh, drama queen, eh, king! Isok ae nemu bahan gawe tukaran. Contone, Will tau ngamuk-ngamuk gara-gara pas areke mulih tekok kampus aku lagi nonton film dewean. Jarene, aku jahat soale gak ngajak-ngajak areke nonton pisan. Aneh kan? Sing luwih konyol meneh, Will tau nuduh aku ambek Christina niat ndelok areke adus! Gara-garane, pas Will adus, jendelone gak ditutup. Lha aku ambek Christina lak gak eruh. Kene nyantai ae mepe klambi ndik halaman mburi omah, ngarepe jendelone jeding iku. Pas kene lagi asik ngobrol-ngobrol, gak sengojo kene noleh nang arah jeding, tepak wis, langsung ketok Will sing lagi mudo blejet. Kene bertiga njerit-njerit kaget. Mestine sing protes lak aku ambek Christina yo? Salahe sopo coba, adus kok jendelone gak ditutup? Tapi malah Will sing ngomel-ngomel gak karuan. Wis, nulis tentang Will iki nek diterusno isok gak mari-mari. Lanjut ae nang crito tentang yok opo critane aku isok ketemu bojoku.

Aku sik eleng, Jumat bengi iku aku janjian ambek konco-koncoku sesama arek Education gawe lungo nang Crown Casino. Meh ben Jumat ancene aku mesti dulin ambek Paula, Mizuki, Cui Xia. Sakdurunge ketemuan ambek arek-arek iku, aku mangan disik ndik Swanston Street bareng Mbak Wanty, konco sesama wong Indonesia. Aku selama ndik Melbourne iku mek duwe konco tekok Indonesia loro, Mbak Wanty sing lagi njupuk S-3 ndik  Melbourne Uni, ambek Esthi, konco lawas jaman SD sing lagi njupuk S-2 ndik Monash.

Kene mangan ndik Mekong, restoran Vietnam langganane kene. Seperti biasa, kene pesen beef and chicken pho “with the lot”. Maksude “with the lot”, gak usah nebak-nebak bagian tubuh sapi ambek ayam endi sing lagi berenang-renang ndik mangkok segede baskom iku, gak bakalan berhasil. Langsung ae dinikmati. Ancene enak temenan sop Vietnam iku.

Mari mangan, aku kok moro-moro ngantuk. Dadi males nang Crown Casino. Pengen mulih ae. Aku nelpon arek-arek, mbatalno janji ketemuan. “Yo wis, minggu depan ae yo?” jare Mizuki. “Temenan a? The night is still young!” jare Cui Xia. “Rugi koen, gak sido ketemu sing ngganteng-ngganteng!” jare Paula.

Ah, gak tertarik ndelok sing ngganteng-ngganteng bengi iki, prasaku ambek mlaku mulih mari ngeterno Mbak Wanty mlaku nang stasiun Melbourne Central. Aku mek pengen nyantai-nyantai ndik omah. Mungkin kate moco-moco opo nonton tv diluk, terus turu.

Tekan ngarep omah, tak delok lampu ruang tv sik murup. Dengaren, pikirku. Biasane ben Jumat sore Will wis kabur disikan, lungo bareng konco-koncone. Christina ben Jumat yo mesti kerjo sampek bengi.

Aku mbukak lawang ngarep, terus mlebu omah. Krungu lamat-lamat suarane Will. Mungkin lagi ngomong ndik tilpun, prasaku. Mari ndekek tas ndik kamar, aku mlebu nang ruang tv. Aku mandek. Onok wong lanang ngganteng ngadek ndik ngarepe lawang pawon, ngobrol ambek Will sing koyoke lagi sibuk nggawe ngombe.

Wah, koncone Will ngganteng temen rek, pikirku. Tak delok sekilas arek iku. Tall, dark and handsome. Gede duwur. Rambute rodok gondrong. Nggawe jeans, sneakers, ambek kaos abang berkerah ditumpuki vest motif wajik abang putih.

Aku cepet-cepet mlebu jeding sakdurunge areke ndelok aku. Ngoco diluk, ngrapekno rambut, lipstikan thithik, terus aku metu nang ruang tv.

Areke lagi lungguh ambek nyekel mug.

“Citra, diluk engkas kene kate metu, melok a? Eh, kenalno, iki koncoku sak departemen” jare Will.

Nice to meet you, I’m ....” jare arek iku ambek mesem. Aduh, sopo jenenge? Aku gak nangkep. Aku mesem ae.

And that’s how I met your father, kids….

Standard

Love Story

Aku kali iki pengen nulis sing rodok serius. Sekali-sekali gak nulis sing guyonan gak popo yo? Soale ket wingi aku kepikiran pengen nulis crito iki.

Sing duwe crito iki koncoku pas kuliah ndik Melbourne biyen. Koncone housemate-ku se sakjane.

Housemate-ku iki wong Prancis. Jenenge Elsa. Elsa duwe konco, wong Prancis pisan, jenenge Sylvine. Sylvine rabi ambek wong Aussie, wis duwe anak siji umur setaun, Sophie. Areke gelek teko nang omahe kene gawe ngobrol-ngobrol ambek Elsa. Nek aku pas lagi nganggur, biasane aku nggabung pisan. Lumayan isok latian ngomong boso Prancis.

Sore iku, Sylvine sing biasane teko nggowo Sophie, teko dewean. Mumpung gak onok arek cilik sing isok ngriwuki, kene pindah nggon ngobrol nang cafe ndik Lygon St, cedek omah. Kene pesen kopi telu ambek jajan cookies and cream siji gawe barengan, terus lungguh mojok ndik sofa. Koyok biasane, obrolane kene seputar masalah percintaan ae. Elsa lagi terlibat hubungan sing ruwet ambek pacare ndik Prancis. Aku yo lagi gak jelas pisan. Kene podo galaune pokoke.

“Sylvine, enak yo koen iku, tekan kene, langsung ketemu wong lanang apik, terus rabi, duwe anak, karek urip sing ayem ae,” jare Elsa.

“Cik polose koen iku. Wis rabi iku malah tambah akeh sing kudu dipikir. Tapi masiyo ngono, ancene rasane tambah ayem se uripku,” jare Sylvine ambek nyruput kopine.

“Sakjane koen biyen ketemu bojomu iki yok opo se critane?” aku takon.

“Lho, durung eruh yo? Kene takcritani… Elsa wis eruh se, tapi sik sekilas ae,” jare Sylvine.

Critane koyok ngene….

Sylvine wis limang taun pacaran ambek wong Aussie. Kenalan ndik chatroom, akhire pacaran. Ben taun Sylvine teko nang Melbourne ping pisan opo ping pindo. Pacare yo ngono. Ben taun ping pisan opo ping pindo teko nang Paris. Mergo wis kroso cocok, akhire Sylvine pindah nang Melbourne gawe urip bareng pacare iku.

Heath, asal Hawthorn, Melbourne, wis pacaran ambek wong Prancis enem taun. Kenalan pas Heath melok program pertukaran mahasiswa ndik Prancis. Ben taun isok ping pindo opo ping telu Heath marani pacare ndik Lyon, opo pacare marani Heath ndik Melbourne. Akhire wong loro iku tunangan, terus rencanane telung wulan meneh tunangane Heath kate pindah nang Melbourne.

Sebulan pertama ndik Melbourne, Sylvine mulai bosen. Pacare isuk-isuk wis budal kerjo, mulihe bengi. Akhire Sylvine masang iklan ndik internet, nawarno jasa kursus privat boso Prancis.

Heath, masiyo tau setaun manggon ndik Prancis, gelek lungo nang Prancis pisan, sik kroso boso Prancise kurang apik. Mergo pengen isok ngomong koyok wong Prancis asli cekne tunangane seneng, Heath akhire moco-moco iklan ndik internet, nggolek jasa kursus privat boso Prancis. Ketemu iklane Sylvine.

Pertama kali Sylvine ketemu Heath ndik sesi kursus boso Prancis, gak onok kesan opo-opo. Tapi bareng mulai ngobrol-ngobrol, nek jarene Sylvine sing wonge ancene rodok lebay, dunyo koyok moro-moro mandek, kabeh wong moro-moro ilang, mek onok Sylvine ambek Heath sing ngobrol seru koyok wis koncoan seumur hidup.

The rest is history. Ngono nek jarene wong Inggris. Telung wulan sejak pertama ketemu, Sylvine ambek Heath rabi. Setaun mari rabi wis duwe Sophie.

Tunangane Heath nangis-nangis ambek misuh-misuh pas diputus lewat tilpun. Sylvine langsung diusir tekok apartemene pacare, tur dimusuhi dulur-dulur ambek konco-koncone pacare.

“Kadang-kadang yo, kene iku kudu egois,” jare Sylvine.

Aku ambek Elsa manthuk-manthuk…. Mulai mikir nek sing jarene wong Inggris all’s fair in love and war iku mungkin bener…. 

Standard

Tahu Campur Cak Suroto

Woe, sedulur-sedulur sing omahe ndik Malang, opo sing asale tekok Malang…. Tau mangan tahu campure Cak Suroto gak? Sing ndik njobone pasar Mbareng iku lho? Nek gak tau, cepetan ae budal mrono… Asli tahu campur paling enak sak Malang! Bumbune iku lho… Muantebbb! Biasane kene nek mangan nang kono mesti njaluk bumbu dobel, terus krupuke sing uakeh! Paling seneng aku mangan krupuk sing nyemek-nyemek kenek bumbu! Uenaaake reeek…..

Lho, lho, lho… Sik ta lah! Aku kok malah crito tentang tahu campur ngene? Iki pasti gara-gara aku sampe nyamene durung mangan! Mangkakno dadi mikir sing gak-gak….

Sakjane iku aku kate crito meneh tentang bapakku a.k.a. Pak Murdib. Langsung takcritakno yo, selak aku nglantur meneh keluwen…. Ngene critane….

Bapakku iku duwe loro maag. Jaman aku ambek adikku Atit sik SD biyen, prasaku kok maag-e bapakku gelek kumat. Mungkin mergo stress. Elengku nek lagi kumat ngono, bapakku sampe ndlosor-ndlosor meh semaput. Saaken wis.

Bengi iku kene sakkeluarga lagi mangan nang nggone Cak Suroto. Ancene kene wis langganan mangan ndik kono ket jaman aku sik cuilik….

Aku, Atit ambek ibukku wis lungguh ndik bangku kayu. Bapakku pesen tahu nang Cak Suroto. Pas mlaku kate lungguh ambek kene, moro-moro bapakku tibo! Kene kaget kabeh.

“Atho, atho, atho!” Bapakku mringis-mringis nyekeli wetenge.

Waduuuh, kumat iki maag-e….

Koyoke nemen iki. Aku ndelok bapakku ketok pucet pol, kringet dingin mulai metu, ketok nek lagi nahan loro nemen, koyoke kate semaput…. Aku moro-moro wedi… Wedi nek moro bapakku kudu mlebu rumah sakit, nek moro tibakno lorone wis akut, nek moro…. Utekku kebek ambek pikiran-pikiran horror…. Yok opo iki? Aku ambek Atit sik cilik-cilik… Durung onok sepuluh taun….

Aku nglirik Atit. Koyoke pikirane yo podo horror-e.

Aku nglirik ibukku. Ibukku yo ketok wedi, saaken ambek bingung….

Cak Suroto yo bingung pisan.

Moro-moro….

“Tulung… tulung… hhhhhh”

Bapakku ambek bisik-bisik nyeluk Cak Suroto.

Pikiran horrorku wis tak tertahankan meneh…. Opo iki? Tulung aku gowoen nang rumah sakit? Tulung anak ambek bojoku terno mulih? Tulung jogoen anak-anakku?!

Cak Suroto nyedek nang bapakku.

“Tulung… hhhh… tulung BUNGKUSNO TAHUNE! Hhhhh… bumbune dobel… hhhh… krupuke sing akeh! Atho… atho….”

Wah, langsung lego atiku… nek sik isok njaluk dibungkusno tahu yo mestine durung sampe stadium akhir lorone, masiyo ngomonge ambek mringis-mringis ngono. Aku ndelok ibukku…. Raine ibukku perpaduan koyok lego, khawatir, saaken….

“Sakjane ngono aku iku ngempet ngguyu….” Iku penjelasane ibukku pas minggu lalu kene ngobrol-ngobrol tentang tragedi tahu Cak Suroto. “Yo ambek saaken pisan se,” ibukku cepet-cepet nambahno.

Bersyukur banget, sejak iku bapakku lumayan waras maag-e, jarang banget kumat. Saiki malah wis meh gak tau. Tapi nek mangan nang tahu campur Cak Suroto se yo sik gelek! Minimal sebulan sekali pasti mrono….

Standard

Li’amah Ketiban Cinta

Ket aku cilik sampe gede, keluargaku mesti duwe rewang. Bapak ambek ibukku kan sibuk seharian kerjo, dadi mesti perlu wong sing isok ngurusi omah. Pas aku ambek adikku Atit sik cilik, luwih penting meneh onok wong sing isok njogo kene pas kono lagi kerjo.

Rewang sing kerjo nang keluargaku ganti-ganti. Rewang sing saiki, Mbak Win, wis kerjo nang bapak ibukku limolas taun, biyen kerjo nang eyangku wolung taun. Onok pisan sing gak suwe ndik omahku, mergo dikongkon rabi, opo kudu ngurusi anake. Tapi rata-rata kabeh wonge apik plus sayang nang aku ambek Atit.

Saiki aku kate crito tentang rewang sing kerjo nang keluargaku jaman aku SD kelas 4-5. Jenenge Mbak Li’amah, sik enom tapi wis dadi rondo anak siji gara-gara bojone minggat. Asale tekok Tajinan, kabupaten Malang. Wonge apik, mbanyol, seneng diajak dulinan opo ae, tapi lugu puol. Mbak Li’amah meh gak isok moco ambek nulis blas.

Mbak Li’amah iku wonge mesti ceria… Tapi kok kiro-kiro semingguan iku koyok galau ngono yo? Contone ngene….

Pas diajak dulinan delik-delikan, aku ambek Atit wis ndelik suwe sampe gringgingen, kok Mbak Li’amah gak teko-teko? Mosok kangelan nemokno kene? Akhire kene nyerah, metu tekok walike pemean nggone kene ndelik. Tibake wonge lagi lungguh ambek nglamun, gak nggoleki kene….

Pas lagi nongkrong ndik kamare Mbak Li’amah, wayahe ngrungokno sandiwara radio favorite kene Misteri Gunung Merapi, aku ambek Atit wis siap-siap dicekam kengerian tiada tara…. Eh, Mbak Li’amah malah ngoco, nyabuti alise alon-alon ambek nglamun meneh…. Aku ambek Atit dadi gak konsen ngrungokno Mak Lampir sing ambek ngikik-ngikik berusaha nguripno tuan Adolf Pieter….

Kene dadi curiga, pasti onok opo-opo iki!

Onok meneh sing nggarai kene mikir sing gak-gak… Moro-moro ben sore Mbak Li’amah mesti nukokno kene bakso. Sakjane aku ambek Atit seneng mangan bakso, tapi Mbak Li’amah gak tau meneh tuku bakso nang tukang bakso langganane kene. Ben dino kene ditukokno bakso nang tukang bakso liyo. Masalahe, baksone iku wis bentuke mengenaskan, rasane yo memprihatinkan!

“Tet, opo Mbak Li’amah seneng ambek pak bakso iku yo?” aku takon nang Atit.

“Lha lapo seneng ambek pak bakso? Wong baksone gak enak!” jare Atit.

“Maksudku jatuh cinta…” jareku meneh. Atit bengong ae. Maklum sik wolung taun umure.

Akhire kene takon nang Mbak Li’amah. Tibakno bener! Mbak Li’amah ngaku ambek isin-isin nek lagi jatuh cinta ambek tukang bakso sing baksone gak enak iku.

“Lha wonge ngganteng, seneng diajak guyon… Aduuh….” Mbak Li’amah ngomong ambek mesam-mesem.

“Wah, nek ngono kirimono SURAT CINTA,” jareku.

“Surat cinta? Waah, aku gak isok nulis!” Mbak Li’amah protes.

“Gampaaang! Aku sing nulis!” Aku mekso.

“Waduh, isin aku! Terus, yok opo nek moro wonge gak seneng dikirimi surat cinta?” jare Mbak Li’amah ragu-ragu.

“Gak mungkin gak seneng! Kabeh wong pasti seneng dikirimi surat cinta!” aku njawab ambek bergidik mbayangno surat cinta sing dikirim konco sakkelasku wingi… sing ndik sampule onok tulisane “Citra, wocoen ndik nggon sepi!” Wis langsung tak buak surat iku ndik tempat sampah, gak tak woco disik.

“Ooo… Yo wis nek ngono!” Akhire Mbak Li’amah setuju.

Sejak iku, aku resmi dadi ghost writer-e Mbak Li’amah. Meh ben dino aku nulis surat cinta. Atit sing dadi ilustrator.

Biasane kalimat pembuka surat cintaku koyok ngene….

Pak baksoku tercinta.

Pak bakso kasihku.

Pak bakso yang kusayang.

Terus Mbak Li’amah tau request, njaluk aku nulis “Arjunaku di tempat.” Mbuh wong iku ngerti gak yo, Arjuna iku sopo….

Aku lali biasane nulis isi surate koyok opo, tapi elengku mesti onok sebaris dua baris lirik lagu Indonesia sing lagi terkenal jaman iku. Kadang-kadang lirike tak ganti-ganti dewe. Iki contone…. Sekalian tebak-tebakan judul lagu, ambek tebak-tebakan umurku, haha….

Pak bakso, Ada bayanganmu di mataku, dan senyummu membuatku rindu…. Nek iki sik asli lirike.

Rombongmu datang, seketika… menggetarkan jiwa…. Oooh…. Iki wis rodo kaco.

Pak bakso cintaku, kau sembuhkan sakitku, dengan bakso buatanmu…. Lha, nek iki wis buyar lirike.

Penutup surate, sesuai request Mbak Li’amah, mesti ngene…

Dari aku, Janda Tajinan.

Terus dicap jempol ambek wonge….

Aku semangat pol nulis surat cinta. Atit yo semangat nggambari kertas surate. Biasane pinggirane kertas digambari waru, opo pita, opo balon warna-warni…. Atit tau pisan nggawe poster ndik komputer, diprint nggawe printer dot matrix…. Postere gambare kembang mawar, pinggire onok gambar semut baris, terus onok tulisane LI’AMAH KETIBAN CINTA. Aku nulis surat cinta ndik poster iku….

Acara nulis surat cinta wis onok rong mingguan, honor krupuk upil pedes, krip-krip, permen karet pusan jalan terus…. Acara mangan bakso sing rasane meresahkan iku yo jalan terus…. Tapi kok si tukang bakso iku adem ayem ae yo? Gak onok tanda-tanda ketiban surat cintane Mbak Li’amah. Opo gak isok moco pisan yo, prasaku.

Sebulan sejak kene mulai nulis surat cinta, malah si tukang bakso iku wis gak tau lewat meneh ndik kampungku. Wah, koyoke cintane Mbak Li’amah ancene ditolak iki, pikirku ambek Atit. Kene dadi saaken ndelok Mbak Li’amah sing moro galau meneh iku. Tapi aku yo penasaran! Mosok se, surat cinta berbunga-bunga sing kadang-kadang kertase disemproti parfum Rive Gauche YSL-e ibukku (ampun, Ma!) gak ngefek opo-opo?

“Mbak Li’amah, pas koen ngeke’i surat, pak bakso yok opo? Ketok seneng gak wonge?” aku takon, sik gak rela kerja kerasku gak onok hasile.

“Aku gak tau langsung ngekekno surat nang wonge! Isin aku! Surate mesti tak lebokno kotak surat….”

“Kotak surat? Lha kene lak gak duwe alamate pak bakso?  Gak tau onok prangkone pisan?!”

“Lho Mbak Ita, ngirim surat iku kudu onok alamate a?”

“Lha iyo! Nek gak, yo gak isok nyampe! Eh, sakjane kotak surate ndik endi se? Mosok onok kotak surat ndik kene?”

“Onok! Ayo, tak duduhi, Mbak Ita!”

Tibakno sodara-sodara, sing diarani kotak surat iku kotak surate tonggo! Dadi, sebulan iku meh ben dino Mbak Li’amah nglebokno surat cinta ndik kotak surate tonggo! Pantesan tonggoku iku ben sore mari mbukak kotak surat kok mesti mesam-mesem ambek tolah-toleh ngono. Oalaaah!

Standard