Ketipuuu….

Wong Jowo iku tibakno tersebar ndik endi-endi yo. Selain wong Jowo Indonesia, ndik negoro-negoro koyok Suriname, New Caledonia, yo akeh wong keturunan Jowo sing sik isok ngomong boso Jowo. Ndik Malaysia ae tibakno akeh wong Malaysia sing keturunan Jowo. Sik tas ngerti aku.

Mangkakno, ben aku nang luar negeri, mesti ketemu ae wong Jowo, opo wong turunan Jowo. Aku sampe gelek ketipu…. Wocoen ae contoh-contoh kasus iki yo….

Kasus nomer siji.

Lokasi: Scheveningen, Negoro Londo.

Mari mlaku-mlaku ndik pantai Scheveningen sing uapik pol iku, aku mlebu nang toko souvenir, kate tuku oleh-oleh. Mari milih-milih gantungan kunci ambek magnet, aku nang kasir.  Aku nggaya ngomong nggawe boso Londo grathul-grathul, takon macem-macem… ambek mbukaki kamus terus, yo! Wong ndik kasir iku, tibakno sing duwe toko pisan, sabar ae njawab, masiyo ambek ngelu plus kudu ngguyu paling, lha aku gak isok blas boso Londo tapi mekso!

Pas lagi “ngobrol-ngobrol” boso Londo, onok arek enom, mestine anake wong sing duwe toko iku, mlebu. Moro-moro ngomong nggawe boso Jowo!

“Pak, ibuk endi?” Ngono takone arek iku.

Lha bapake njawab, “Ndik latar!”

Walaah, tibake wong Jowo! Maringono kene dadi ngobrol-ngobrol boso Jowo… sing duwe toko iku tibakno ancene wong Londo asal Suriname turunan Jowo….

Kasus nomer loro.

Lokasi: Melbourne, Ostrali.

Aku awan-awan janjian ambek konco kate mangan ndik Swanston St. Aku teko disikan, terus lungguh ndik bangku ndik pinggir dalan ambek moco buku, ngenteni koncoku iku. Moro-moro…. *musik* onok wong ngguanteng teko, terus lungguh ndik bangku ndik sebelahku. Tak lirik wonge. Wah, jan! ABC (Australian Born Chinese) paten iki! Umur akhir 20-an, ngguanteng pol, duwur, rambut rodo spiky, nggawe klambi necis dasian, jas-e disampirno ndik lengene… model-model eksekutif muda ngono lho….

Aku sik pura-pura moco ambek nglirik si ABC. Wonge lagi ngetokno hp…. Moro-moro….

Cuk! Koen ndik endi se? Tak enteni ket maeng gak teko-teko?! Awas yo, mencret koen! Cepetan, aku ndik pojokan Swanston Setrit iki!

Lho? Walaaah, koen duduk ABC yo Cak? XYZ ae yo! Tibakno wong Suroboyo! Yo ancene akeh ndik Melbourne…..

Sik akeh crito-crito liyane ketemu wong Jowo ndik endi-endi…. Kapan-kapan tak critakno meneh yo!

Standard

8 thoughts on “Ketipuuu….

  1. wah moco iki dadi kelingan ndisik pas mlaku-mlaku ndik pojokan antarane swanston street ambek bourke street ancene akeh wajah-wajah asia sing sliweran tapi gak ngerti iku asline wong endi… kancaku gak kurang akal gae meyakinkan iku wong jowo opo dudu, dek’e nggae jurus rasan-rasan ambek aku muni ngene “aku kok koyok mambu trasi yo?”,… nek sing liwat iku wong jowo biasane langsung mesem…hehe

  2. koncoku yo pisan mbak, lanang-lanang tho, pas de’e nang bis arep nang kerjoane ketemu cewek seng guedhe (jare ngono se). trus dirasani bareng-bareng nggawe boso jowo, eeeee, tibake seng dirasani ngerti jhe. aku sing dicritani iku sampe ngekel ngguyune, mbayangno kejadiane 😀

Leave a comment